Sabtu, 31 Agustus 2013

TANDAK BEDHES ( TOPENG MONYET)

This story is dedicated to all my lovely friend in SMP. Negeri 3 Surabaya class of 92's

Tandak bedes iku kesenian traditional sing dikenal nang daerah sak liyone indonesia, koyo to india, pakistan, thailand, vietnam, cino, jepang ambek korea. Jenis kesenian iki ngelibatno pawang sing ngelatih bedes gawe ngelatih gaya utowo kelakuane menungso, koyo too klambine, jeneng'e.. Lha embuh kenek opo kabeh bedes sing melu tandak bedes iki jeneng'e sarinah... Trus mesti onok adegan sarinah budhal nang pasar... Lha bedes iku mau gowo payung karo mlaku ndelereng budhal nang pasar... Mangkakno rek, ojok mlaku ndelereng nek budhal nang pasar, ben gak koyok sarina! HahHaha. Lha sing model paling anyar saiki onok bedes sing macak valentino rossi utowo simoncheli (wis benerta rek olehku nulis jenenge simoncheli?).. Numpak sepeda montor karo mleding bokong'e macak mekitik pol bedes'e..

Dulur, sak liyane bedes, tandak bedes iki kadang onok atraksi liyane, yoiku ulo.. Biasane ulo iki metune paling keri ngenteni si bedes pamer atraksi.., bagean iki biasane arek-arek cilik podo wedi...

Tapi onok istilah sing berhubungan karo tandak bedes iki sing populer digawe arek-arek spega...nek wayahe latihan nari karo bu erly, nek arek males utowo nganggur lambene pas ditakok'i koncone : ape nang ndi jeh? Jawab'e :  sek rek ape latihan tandak bedes...(ngomong'o ngono po'o nang ngarep'e bu erli nek gak dikabyok selendang hahahahah) utowo arek band2 an sing jaman awak'e dewe sma utowo kuliah lumayan beken, nek ditakok'i koncone: ape nang ndi es? Jawab'e : sek latihan diluk..lha sing mangkel kalah beken mesti ngecemes lambene karo ngomong : latihan tandak bedes paling...

Teko kabeh keterangan mau intine tandak bedes iku ancen menghibur, gak cumak saiki tapi tibakno ket jaman londo... Mangkane nek onok tukang tandak bedes liwat tanggapen rek... Nek ancen duwe duwik ben podo keduman rejeki.. 






Tidak ada komentar:

Posting Komentar